Pada Hari Sabtu, 10 Oktober 2020 Pawiyatan Panatacara Pamedharsabda Angkatan ke-40 Kabupaten Magelang menyampaikan materi I tentang Budi Pekerti yang disampaikan oleh Bapak H. Modrik Santoso, M.M.Pd.

Adapaun materi sebagai berikut:

              

BUDIPEKERTI

TEGESING TEMBUNG

Budi - asal saking tembung budh

Tegesipun = emut utawi gumregah.

Puseripun -  pikir,

Sumberipun - batos.

Ingkang makarti : jiwa, pikir, batos.

 

PEKERTI

Asal saking oyoding tembung sunskrit .

Tegesipun : tindak, makarya, obah.

Ingkang makarti : raga, lair.

BUDIPEKERTI

Pikajengipun ngrembag bab awon saening manungsa.

Ing basa manca saged kajajaraken kaliyan tembung akhlak, moral.

SIPAT / WEWATEKAN MANUNGSA

            

MANUNGSA WARGANING BEBRAYAN

Ngadat tatacara ing papan tinamtu mangaribawani

dhateng tindak tandukipun manungsa.

Serat Wulangreh (SS Pakubuwana IV)

“Apan wateke manusa,

titikane ing laku lawan linggih,

solah muna muninipun,

pan dadi panengeran,

kang apinter kang bodho miwah kang luhur,

kang asor miwah mlarat,

tanapi manusa sugih”

MANUNGSA MANDHIRENG PRIBADI (MARDIKA).

> Pribadinipun manungsa duk rikala lair punika sampun mbekta wewatekan  piyambak.

 

> Wewatekanipun punika tartamtu ugi kaprabawan dening wewatekaning tiyang sepuhipun.

> Manungsa saged nemtokaken ancasing gesangipun anut lampahing jiwanipun piyambak.

> Salebetipun nggayuh ancasing gesang boten kacencang dening pribadinipun tiyang sanes (seje kulit seje anggit).

MANUNGSA KADUNUNGAN

MANUNGSA PUNIKA MARDIKA

KABAGYAN / RAHAJANING MANAH

Kabagyan utawi karaharjaning manah punika saged kadarbe dening manungsa manawi saged meper hawa napsu kaangkaramurkan.

 

Kanthi Sarana :

Sipat - sipat kautamen dipun amalaken ing gesang sadinten-dintenipun, engga kanthi mekaten pinanggih kaliyan “kabagyan / raharjaning manah”

PEPRINCEN KABAGYAN

  1. Kabagyan ingkang arupi kadonyan (Phisycal happiness)

      Pikantuk griya, titihan, asiling makarya, rasukan lsp

  2. Kabagyan ingkang arupi ngelmi, kawruh, ketrampilan

      (Intelektual happiness)

      Lulus pendadaran, winisuda sarjana, nampi gelar lsp

  3. Kabagyan ingkang arupi bombonging raos

      (Emotional happiness)

      Pikantuk pangalembana, nampi gelar kehormatan lsp

  4. Kabagyan ingkang arupi raharjaning manah

      (Spiritual happiness)

      Ngamalaken sipat-sipat utami angudi utamaning gesang.

Phisycal, intelektual, emotional happiness punika kadarbe karana nampi saking tiyang sanes.

Dene spiritual happiness punika kadarbe, karana nindakaken amal kesaenan dhateng tiyang sanes.

Ingkang mekaten wau ngemu  suraos bilih gesangipun wonten pigunanipun tumrap bebrayan.

Inggih punika sejatining kabagyan utawi raharjaning manah.

 

PIWULANG BUDIPEKERTI

Suka pambyantu ngrembakaning gesangipun putra - putra ing lair lan Batos saking sipat kodratipun, ngancas dhateng subasita ingkang asipat umum.

Tumraping lare alit, piwulangipun cekap manawi ngulinakaken tindak tanduk ingkang sae ing pedintenanipun.

Umpaminipun :

Kurmat dhateng Bapa - Biyung lan priyantun sepuh sanesipun

Tetulung dhateng kanca - kancanipun ingkang mbetahaken

Boten nukari rencangipun lsp

Tumrap ingkang sampun diwasa, kapriyogekaken tumindak samukawis lampah ingkang sae kanthi kasengaja antawisipun : siyam, tirakat, lsp.

Panggulawenthah budipekerti kajumbuhaken kaliyan ngrembakaning jiwanipun putra – putra punika saged kaperang :

                               1.  NGULINA

                               2.  NGRETI

                               3.  NGLAKONI

                               4.  NGRASA

Menawi kajajaraken kaliyan panggulawenthahing agami Islam, ing panginten boten beneh kaliyan ingkang kinandhut ing bedhahan :

Syari’at,

Hakekat,

Tarekat lan

Makripat.

 

GRENJAH / CAK - CAKANIPUN

1. NGULINA

Ngulinakaken putra-putra tumindak tumuju kautamen manut pranatan lan ngadat tatacara ingkang umum utawi kalimrah ing madyaning kulawarga lan bebrayan.

Priyantun sepuh paring patuladhan/dhawuh - putra nindakaken :

Ngulinakaken ngginakaken basa ingkang leres

Ngulinakaken ngormati dhateng ingkang langkung sepuh

Ngulinakaken tetulung

Ngulinakaken preduli lingkunganipun lsp.

“Gewoonte is twee de natuur”

(Pakulinan punika dados wewatekan ingkang angka kalih)

SERAT WULANGREH

Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, ing kaprawiran den kesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

Dadia lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja a sukan-sukan anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin (Pupuh Kinanthi pada 1-2)

Ing sarehne putra-putra sampun kulina tuwin sampun ngretos samukawis ingkang sae, mila ingkang sepuh kedah ngemutaken manawi putra-putra tumindak ingkang boten trep kaliyan pranatan.

 

2. NGRETI

Ngretos dhateng ingkang nyata lan ingkang leres.

Para putra sami saged milah - milahaken kasaenan lan kosok wangsulipun.

Piwulang ngretos punika kaetrapaken dhateng putra ingkang sampun saged mikir, mikir dhateng kanyatan, mikir dhateng kawruh kasaenan punapadene ingkang awon menggahing gesang.

Sampun ngantos kandheg wonten ing pakulinan - pakulinan kemawon ananging kedah ngretos teges tuwin tujuwanipun :

     > Ngginakaken basa kanthi leres punika netepi kasusilan lan ngormati tiyang sanes.

     > Tetulung punika ngemu teges preduli dhateng tiyang sanes.

     > Tansah resikan punika njagi kasarasaning pribadi lan tiyang sanes. lsp

 

SERAT DARMAWASITA (KGPA MANGKUNAGARA IV)

Luwih lara laraning kang ati, nora kaya tininggal arta, kang wus ilang piyandele, lipure mung yen turu, lamun tangi sungkawa malih, yaiku ukumira, wong nglirwakaken tuduh, ingkang aran budidaya, temah papa asor denira dumadi, tan amor lan sesama.

Kadhuwunge saya angranuhi, sanalika kadi suduk jiwa, enget mring kaluputane, yen kena putraningsun, aja kadi kang wus winuni, dupeh wus darbe sira, panci pancen cukup, becik linawan gaota, kang supaya kayumaning dumadi, manulak mring sangsaya.

3. NGLAKONI

Mesu budi nglelantih tajeming rasa pangrasa sanadyan angel lan awrat cak cakanipun (siyam, tirakat lsp).

Punika satunggaling latihan kangge neter dhiri pribadinipun nyandhet ubaling hawa napsu, angkara murka, tumunten saged milah :

 

LOGIKA  -  ETIKA  -  ESTETIKA

Serat Wedatama (KGPA Sri Mangkunagara IV)

Ngelmu iku kelakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangekese dur angkara.

Basa ngelmu mupakate lan panemu, pasahe lan tapa, yen satriya tanah jawi, kuna-kuna kang ginilud tri prakara.

Lila lamun kelangan nora gegetun, trima yen ketaman, sakserik sameng dumadi, tri legawa nalangsa srahing bathara.

     

4. NGRASA

Ingkang dipun kajengaken ngrasa, punika sampun damang utawi dhong saestu dhateng lenggahing pranatan lair sarta katentremaning batos, amargi sampun cekap anggenipun nglelantih dhiri sarta  nguwaosi moganing pribadinipun piyambak, sarta mapanaken ing pakulinan sarta pangertosanipun (sumeleh).

Ing sarehne sampun sumeleh mila :

Kukuh batosipun boten badhe mangro tingal lan tidha-tidha.

Boten gonjang-ganjing samangsa nemahi kawontenan ingkang boten utawi dereng dipun prangguli.

Sampun damang lan dhong dhodhok-selehing pepenginan sarta samukawis ingkang nedya dados gora-godhanipun pribadi.

Karana sampun saged mikir kanthi tanggel jawab ingkang ngyakinaken, mila boten gampil gonjing sikepipun, awit kaprabawan peranganing batosipun, satemah jejeg imanipun lan manther ancasing sedyanipun ing ndalem nepusi jangkaning gesang.

Ingkang mekaten saged nglenggahi jejering satriya tama :

          1. Nengenaken panembah, emut sangkan paraning dumadi.

          2. Budidaya hamemayu hayuning sasama

          3. Manjing ajur – ajer

          4. Ambeg paramarta

          5. Berbudi bawa laksana

Rosing Raos Kenging Winastan Lukitaning Tyas

Raos mujudaken ngengrengan ingkang winahya dening mripat batos,

tumusipun kacakup ing wardaya tumunten saged kababar lumantar pakarti nastiti.

Gilir gumantosing raos ingkang kawengku dening jiwa sanadyan boten kawedharaken mawi tetembungan, saged dipun gagapi kanthi :

                                  Sarana malihing wadana

                                  Kedhep liringing netra

                                  Padhang saha petenging ulat.

“Janma Limpat Seprapat Tamat”

TULADHA

Kaca benggala ingkang melok saged katulad pribadinipun pujangga panutup inggih R.Ng Ranggawarsita.

Panjenenganipun teguh wiyana pribadinipun, senadyan nemahi kawontenan ingkang ngrencana batosipun.

Anggitanipun ingkang asesirah Serat Kalatidha, suka gambaran kados punapa jejeging batosipun.

Ing ngandhap punika kacuplikaken pada 4, 5, 6, 7 :

4. Dhasar karoban pawarta, bebaratan ujar lamis, pinudya dadya pangarsa, wekasan malah kawuri, yen pinikir sayekti, pedah apa aneng ngayun, andhedher kaluputan, siniram banyu lali, lamun tuwuh dadi kekembanging beka.

5. Ujaring panitisastra, awewarah asung peling, ing jaman keneng musibat, wong ambeg jatmika kontit, mengkono yen niteni, pedah apa amituhu, pawarta lalawora, mudhak angraranta ati, angur baya angiket carita kuna.

6. Keni kinarya darsana, panglimbang ala lan becik, sayekti akeh kewala, lelakon kang dadi misil, masalahing ngaurip, wahananira tinemu, mupus pepesthening takdir, puluh-puluh anglakoni kaelokan.

7. Amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, milu edan nora tekan, yen tan milu anglakoni, boya kaduman melik, kaliren wekasanipun, dilalah kersane Allah, begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

 

SUMBERING BUDIPEKERTI

Menggahing bebrayan jawi, sumber piwulang budipekerti mekaten kathah sanget, namung kedah kasaring ingkang kawawas saged migunani lan Murakabi, ingkang kasanggit minangka sumber piwulang budipekerti :

                                           - Dongeng

                                           - Tingalan ringgit

                                           - Sejarah

                                           - Wiracarita

                                           - Kasusastran

                                           - Kitab suci Agami

                                           - Lsp

TATA KRAMI

1. TEGESING TEMBUNG

            Tata   =  aturan, tumata.

            Krama   =  jangkah, tindak - tanduk, sopan santun.

            Tata krama punika aturan utawi tatanan babagan

            Tingkah - laku utawi sopan - santun.

2. KASUSILAN

Kasusilan   =   su – sila.  Asal basa sanskerta Cila

Tegesipun  =   pakulinan, ngadat tatacara, watak, tandang-tanduk, tingkah                         laku, sikep lsp.

Tembung Su asring dipun tegesi sae.

Susila = solah-tingkah, solah bawa ingkang sae.

Ethos = ngadat waton      Ethikos = kasusilan

Kasusilan  =  Pathokaning ngagesang ingkang gegayutan kaliyan sikep batosing manungsa ingkang sae.

> Tatakrami punika kasusilan ingkang dipun tindakaken manungsa salebetipun gesang srawung ing madyaning bebrayan. Tatakrami ngewrat sikep andhap-asor, unggah-ungguh, udanegara.

> Wewatekaning manungsa punika kenging katitik saking laku-linggih, solah bawa sarta muna-muninipun. 

 

3. SARAT SARANANIPUN

BASA

> Unggah-ungguh

   Ngginakaken trap-trapaning basa kalarasaken kaliyan ingkang dipun adhepi.

> Udanegara

   - Ngginakaken traping tembung jumbuh kaliyan paramasastra.

   - Kedaling lesan nedahaken jiwaning priyantunipun.

   Ajining Dhiri Dumunung Ana Lathi

 

PEPENGET

Mugi handadosna ingkawuningan bilih surutipun basa jawi ing madyaning bebryan jawi, pangaribawanipun temtu badhe mrembet dhateng gisiking wewatekanipun bebrayan jawi piyambak.

Jalaran menggahing bebrayan jawi mekaten, antawisipun basa jawi kaliyan kasusilan punapadene wewatekanipun tiyang jawi punika raket sanget gandheng-cenengipun.

JANGKAHING GESANG

Tiyang gesang punika tartamtu gadhah panjangka, ananging manungsa namung wenang hambudidaya, menggah pepesthen punika wonten ing panguwaosing Gusti. Pramila kaleksananing panjangka kedah dipun papag kanthi panjangkah.

 

Jumangkahipun :

1. Wewatoning gesang   :  Pangibadah  -  kaleksananipun kanthi Niyat.

2. Wewarahing gesang   :  Syariat          -  jejegipun kanthi Kapracayan.

3. Wiramaning gesang    :  Iklas              -  wujudipun Panarimah.

GEGARANING TUMINDAK

DEDUGA   :  Nglelimbang ing samukawis saderengipun tumindak.

PRAYOGA :  Nenimbang ing samukawis pakarti tumuju ing kasaenan.

WATARA    :  Menggalih bab ingkang badhe dipun tindakaken supados mantep.

RERINGA   :  Ngempakaken raos pangati - ati awit ingkang dipun tindakaken dereng kantenan kawusananipun.

 

LAMBARANING TUMINDAK

 Lila       :  Tulus iklas tumrap samukawis ingkang sampun kelampahan, ngantos dipun getuni.

 Narima :  Raos panarimah, nampi samukawis ingkang katemben sinandhang.

 Legawa:  Pasrah dhateng pepesthening Gusti, jer manungsa namung wenang budidaya

Nindakaken wewangson warisanipun para leluhur saged mangaribawani raharjaning manah.

Sayektosipun kamulyaning gesang punika dumunung wonten tentreming ati.

Manungsa badhe gesang lana, priyogi tansah ngudi kautamening gesang hanggayuh sampurnaning pati.

 

PIWULANG ING WULANGREH

DHANDHANGGULA

Tiyang gesang kedah nyumurupi, tansah ngudi gesang kang sampurna. Priyogi anggeguru dhateng tiyang ingkang sae martabatipun, sokur angsal tiyang ingkang sampun mungkul,liripun sampun nyingkur ing kadonyan.

 

GAMBUH

Tindak ingkang boten jujur manawi kelajeng-lajeng temtu damel kojur lan boten sae, priyogi ngupadi pitutur ingkang sayekti. Pitutur leres punika sayektinipun pantes dipuntiru, nadyan kawedal saking tiyang sudra papa, nanging manawi sae anggenipun muruk, punika pantes dipunangge.

Wonten pocapan :

Adigang           :  ngendel - endelaken dumeh .........

Adigung           :  ngendel-endelaken kapinteranipun

Adiguna           :  ngongasaken kuwanenipun

 

MASKUMAMBANG

Manungsa kedah emut dhateng sangkan paraning dumadi kanthi sumembah  :

Bapa-Biyung     : jalaran punika dados lantaraning tumuwuh.

Marasepuh        : jalaran paring kabingahan sarta raos ingkang sejati

Sedherek sepuh   : jalaran ing benjing ingkang dados gentosing bapa.

Guru                          : ingkang suka pitedah margining kautamen.

Gusti                          : minangka sangkan paraning dumadi.

 

DUDUKWULUH

Tiyang ngawula punika kedah mantep sarta setya-tuhu. Begja cilaka utawi luhur lan asor punika sampun pinasthi, pepesthen pepancening badan.

 

DURMA

Samia mbanting sarira, cegah nedha lan tilem, supados napsu ingkang ngambra

-ambra suda saha manah saged lerem, temahan sabarang ingkang dipun kajengaken kalampahan.

Leres, lepat, awon, sae, begja, cilaka, punika boten sanes saking badanipun

piyambak, dede saking tiyang sanes. Mila kedah ngatos-atos lan tansah emut nyingkirana sakathahing durgama.

 

WIRANGRONG

Samia marsudi lan ngempakaken weweka, sampun dumeh saged gineman sanadyan namung sakecap, manawi boten pantes tuwin prenah panggenan lan wekdalipun temtu mbilaeni. Milanipun tiyang gineman punika kedah ngarah-arah, sampun keladuk, manawi sampun kelajeng medal, boten kenging dipun tututi.

 

PUCUNG

Sedherek punika kedah ingkang rukun, sampun ngantos bebencengan, pindhanipun sampun ngantos kados kluwak, nalika taksih pucung kempal guyub-rukun, sareng sampun sepuh buyar pating slebar. Ingkang sregep lan sae pantes dipun alem, ingkang mlincur pantes dipun dunung-dunungaken.

 

MIJIL

Samia dipun emut, jejering satriya punika kedah anteng jatmika ing budi, ruruh,

wasis ing sabarang damel, sarta prawira lan weweka ing batin, sampun kirang ing panarimah dhateng pepesthening badan.

Samia kerep tetaken, sampun isin-isin ngetingalaken bodhonipun, jer bodho

punika sangkaning pinter. Milanipun tiyang anem kedah taberi ngupadi ngelmu

sageda pikekah tetangsuling manah.

 

ASMARANDANA

Tiyang gesang wonten ing donya sami angestokna dhawuhing Gusti ingkang

amurba amisesa jagad saisinipun, sabarang damel kedah emut, nganggea tepa

slira, sampun sembrana anggenipun tumindak damel.

 

SINOM

Watakipun tiyang ingkang utami punika boten ngendhak kapinteraning ngasanes,

saged migunakaken kagunanipun ingkang sarwa mikantuki, pinteripun dipun aling alingi, bodhonipun dipun katingal-katingalaken, suka lila dipunwastani boten pinter ing sasami.

Sabarang damel ingkang kininten dados sae punika pantes dipun tlatosi kanthi

mantep madheping manah, boten bosenan, enggal lami mesthi pinanggih, jalaran

sampun wonten polaning lelampahanipun para leluhur anggenipun nenuwun ing Pangeran sageda kasembadaning gegayuhanipun.

 

GIRISA

Anak putu lair batin sami ngestokna lan nganggea wewarah tuwin wewurukipun tiyang sepuh.

Donganipun tiyang sepuh” mugi-migi putra wayah sami tinarbukaa nalaripun ing Allah, ngestokaken pitutur sae, manut-miturut pitedahing tiyang sepuh, jaler-estri manggih wilujeng suka basuki  ing donya tekeng ngakerat, tebih saking papa-sangsara, atut runtut akekadang, sugih donya-brana-putra, tulus lestari tan kapegatan tresna, gadhah piyandelan batin, saged nampi sasmitaning Pangeran, sumerep awon lan sae, pinaringan emut, tinedahan margi leres, dadosa tepa-tuladhaning agesang”.

 

SERAT WEDATAMA (Sri Mangkunegara IV)

Minangka tuladha, nulad Panembahan Senapati ingkang kapati amarsudi amberat hawa lan napsu, cegah dhahar lan sare, mesu budi ngudi eninging

tyas manunggaling cipta, rasa miwah karsa, mulungipun antuka sihing Gusti, sembada kang sinedya gambauh kang sarwi ginayuh.

Wewarah arupi paugeraning gesang :

Wirya   :  Makarya kanthi temen lan tulus cundhuk kaliyan kekiyatan kuwasisanipun, ngudi raharjaning gesang.

Arta     :  Makarya kanthi jujur tuwin taberi, nastiti ngginakaken  asiling pakaryanipun.

Winasis            :  Mersudi indhaking ngelmu ingkang murakabi tumrap gesangipun.

Mersudi ngelmu saged kelampahan kanthi tuwajuh nindakaken                 sarengat, ingkang linambaran niyat.  Kencenging niyat kasdu amberat dur angkara ingkang tansah angreridhu.

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini