HANGUNGAK LUHURING BUDAYA JAWI
Tema tersebut
disampaikan oleh Ir. H. Wiyoto dalam acara Pradanawiyata (Kursus Perdana) Pawiyatan
Panatacara tuwin Pamerdharsabda Permadani Kabupaten Magelang Angkatan ke-40 pada
tanggal 6 Oktober 2020 di Padhepokan Sasana Wiyata RT 03 RW 11, Brajan, Danurejo, Kecamatan Mertoyudan Kabupaten
Magelang.
Pada
kesempatan itu Ir. H. Wiyoto menyampaikan secara gamblang dan lengkap
menggunakan bahasa Jawa yang lugas. Adapun
materi selengkapnya adalah sebagai berikut:
I.
PANGERTOSAN BUDAYA
Manut Budiono Heru Satoto ( ing buku
: Simbolisme Budaya Jawa)
BUDAYA saking tembung BUDI LAN DAYA
1. BUDI
-
Akal Batin ( bener - luput, ala - becik)
-
Watak/Akhlaq
(berbudi bawa leksana)
-
Tumindak sae/kesaenan (budi luhur)
-
Daya upaya/ikhtiar (angulir budi)
-
Kawegikan/kecerdasan (Hambudi daya)
2. DAYA
-
Kekuatan /tenaga (dayaning batin)
-
Pangaribawa
(daya pangaribawa)
-
Cara/akal/ihtiar (daya upaya)
-
Rekadaya (pambudidaya)
BUDAYA : kekuatan
batin/kesadaran kangge tumuju dhateng kesaenan.
KABUDAYAN
Manut Prof. DR. Koentjaraningrat, BUDAYA saking basa Sangsekerta
BUDDHAYAH tegesipun AKAL. KABUDAYAN, tegesipun sedaya perkawis ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan
Akal budining manungsa (cipta, rasa, karsa
lan karya) kangge nyekapi kabetahaning
gesang. Dene wujudipun kabudayan :
-
Ki Sarino Mangun Pranoto, nyakup : alam
pikir, alam budi, alam karya, alam tata susila, alam seni : Seni rupa ,Seni
Sastra,Seni Suara, Seni Tari , Seni Musik,drama, olah raga, lsp.
-
Koentjaraningrat, wujud kabudayan nyakup
: ide (gagasan, peraturan, norma), aktivitet (kelakuan), Benda (hasil karya
manusia).
BUDAYA DADOS CIRI/JATI DHIRI/KAPRIBADEN BANGSA.
-
Ing salebeting kabudayan, nyakup nilai-nilai
adiluhung ingkang dados panutan
gesang (pola hidup, tingkah laku,
kapribaden) kangge nyekapi kabetahaning
manungsa gesang ing alam lingkunganipun à
saben bangsa/suku bangsa nggadhahi kabudayan piyambak-piyambak lan beda kaliyan
bangsa sanes.
-
Pramila raket sanget sesambetanipun,
antawisipun manungsa kaliyan
kabudayanipun, jalaran Nilai –nilai adiluhung
punika ingkang dados ciri /khas
utawi jati dhiri satunggaling bangsa/
suku bangsa ing reh kabudayanipun.
-
Tuladha : budayanipun tiyang
Jawi nengenaken raos karukunan lan pasedherekan.
Lajeng dipun wujudaken kanthi
remen gotong royong, tulung tinulung/ bantu binantu, seduluran. Mbok bilih bangsa sanes mboten makaten “ lu –
lu , guwe – guwe” jalaran sampun beda budayanipun.
II.
BUDAYA
JAWI
CAKRIK KABUDAYAN
JAWI (Ir.Suyamto)
1.
Sosial Religius à ketaqwaan
2.
Non Doktriner à luwes/ mboten kaku
3.
Toleransi (“peduli”)
4.
Momot (saged nampi budaya sanes ingkang
jumbuh
5.
Optimis (yen gelem obah mesthi bakal mamah)
BUDAYA JAWI ADILUHUNG.
ADI = Bagus/linuwih. LUHUNG
= langkung.
ADILUHUNG = PINUNJUL SAKING SANESIPUN
BUKTINIPUN ?
A. WEWARAH/WEWANGSON/AJARAN
LUHUR SAKING PARA EMPU, PUJANGGA, WINASIS JAWI
1.
Urip iku urup. Urip kudu manembah mring
kang gawe urip. Urip kudu makarti,
jroning makarti kudu ngati-ati,
pungkasaning urip bakal bali marang sangkan paraning dumadi, manungsa bakal ngundhuh wohing pakarti. à
ajaran taqwa.
2.
Bhineka tunggal ika tan hana darma mangrowa à
kerukunan
3.
Sura sudira jayaning kang rad swuh rep brastha tekaping ulah
darmastuti (Sura dira jayaning rad lebur
dening pangastuti) à ngendhaleni nafsu angkara murka.
4.
Diarani manungsa pinunjul lamun wus bisa ngluruk tanpa bala, menang tanpa
ngasorake, sekti tanpa aji, sugih tanpa
bandha. à
ajaran akhlaq.
5.
Aja
rumanga bisa nanging bisoa rumangsa, aja adigang adigung adiguna, aja dumeh, ajining dhiri saka lathi ajining
sarira saka busana à ajaran akhlaq.
6.
Lsp. .......... Tasih kathah sanget ajaran – ajaran luhur para sepuh.
SIKEP GESANG JAMAN MODERN
(KAPERBAWAN OWAH GINGSIRING JAMAN LAN TEKNOLOGI)
1.
MATERIALISTIS
Sami blereng dhateng gebyaring kadonyan (ubudunya);
2.
INDIVIDUALISTIS
Warisan arupi budaya luhur sampun kasingkur /sakarepe
dewe
3.
EGOIS
Swasananing pasrawungan sampun nilar subasita, tatakrami
; waton nafsune keturutan.
4.
BUDAYA INSTAN
Suwarnining gegayuhan kedah enggal saged kasembadan
WONG JAWA ILANG JAWANE
URIPE MANUNGSA NGUJA HAWA NAFSU
(hilangnya jiwa sosial & rasa kemanusiaan)
Paten pinaten à anak tega mateni wong tuwane
Tawuran, kebut-kebutan, gang motor
Pergaulan bebas/Sex bebas
Narkoba, minum minuman keras
Maling, Begal, ngrampok, korupsi
Ora tepung sopan santun, tatakrama lan subasita
AYO PADHA BALI MARANG BUDAYANE KANG JUMBUH KLAWAN AGAMA KANG RINASUK
KANTHI AGAMA URIP BISA TUMATA, KANTHI ILMU URIP DADI MAJU, KANTHI
SENI URIP DADI ENDAH
B. BASA
JAWI
Tiyang Jawi menika nggadhahi watak andhap asor, ngaosi dhateng tiyang
sanes. Kangge mratelakaken raos andhap asor lan ngaosi, pramila ing Basa Jawi
nggadhahi unggah-ungguh basa, inggih punika pranataning basa manut lenggahing
tatakrama.
Unggah-ungguh basa menika kangge mratelakaken tataraning pakurmatan,
liripun basa krama langkung ngurmati katimbang basa ngoko.
Tataraning pakurmatan adhedhasar :
1.
Umur/yuswa à langkung sepuh
langkung dipun urmati.
2.
Peprenahan à dhateng kapernah
sepuh langkung kurmat.
3.
Drajad pangkat/kalenggahan à
staf dhateng Pimpinan
4.
semat/status sosial à langkung pinter,
langkung sugih, lsp.
5.
Raketing sesambetan. à
dhateng ingkang dereng akrab.
UNGGAH UNGGUH BASA ING JAMAN MODERN
1.
Basa
Ngoko :
> Ngoko lugu : sepuh dhateng anem, tataran sami, raket
sesambetanipun, kalawarti, karya sastra.
> Ngoko alus :
sepuh dhateng anem ingkang tataranipun
langkung inggil.
2.
Basa
Krama :
> Krama lugu : tataran sami, dereng
raket.
> Krama alus/ Krama inggil :
dhateng langkung sepuh/
tataran inggil, basa ing pasamuan.
CATHETAN :
BASA ING PASAMUAN KEDAH NGGINAKAKEN BASA KRAMA
INGGIL, SYUKUR BAGE BASA RINENGGA (Pangrakiting basa rinengga ing
sastra).
TULADHA :
Kowe wis gelem teka mrene iki, aku seneng banget (ngoko lugu).
Panjenengan wis kersa tindak mrene iki aku seneng banget (ngoko alus)
Sampeyan empun purun dugi ngriki niki, kula remen sanget. (krama lugu)
Panjenengan sampun kersa tindak mriki menika, kula remen sanget (krama inggil)
Panjenengan kepareng rawuh ing sasana menika, manah kula saestu remen
sanget, prasasat kajugrugan wukir sari karoban samodra madu (basa rinengga).
BASA JAWI MENIKA INGKANG
KEDAH DIPUN SINAU
LANDHESAN HUKUM NYINAU BASA JAWI
1.
PASAL 32 AYAT 2 UUD 45 (AMANDEMEN IV)
Negara menghormati & memelihara
bahasa daerah sebagai kekayaan budaya nasional.
2.
UU No. 24 Th. 2009 tentang Bendera, Bahasa,
Lambang Negara dan Lagu Kebangsaan. Ps. 42 : Pemerintah Daerah wajib
mengembangkan, membina dan melindungi bahasa daerah.
3.
PERDA Prov. Jateng No. 9 Th 2012. tentang Bahasa
sastra dan aksara Jawa. Bab V Ps. 11. Perlindungan, pembinaan &
pengembangan BSAJ dilaksanakan melalui pendidikan formal, non formal, sekolah,
keluarga dan masyarakat.
C. BUSANA
JAWI
Busana Jawi menika warisan
Kanjeng Sunan Kalijaga, dipun
tata/design ulang dening Sultan
Agung.
Aslinipun busana Jawi menika
mataraman/ngayogyan, dipun sebat “takwa” ( saking tembung libasuttaqwa à
lambang ketaqwaan).
Peranganipun busana Jawi : (ust. Salim)
1.
Iket, udeng, Blangkon. à pikirane manungsa
supados lurus dipun iket mawi sholat 5 wektu 17 rokaat.
2.
Surjan à Sirojam = teladhan à kedah lurus = Lurik 3
garis (lurus : ati – lathi
- pakarti ) à sirojamuniro = pelita yang menyirani
sekitarnya.
3.
Bebed/nyamping , mawi stagen, kamus lan timang.à
ngendhaleni syahwat “perut” lan “
kemaluan” mawi ilmu.
4.
Dhuwung =
kehati-hatian. Curiga = waspada à makna taqwa menika ngati – ati lan waspada.
D. TEMBANG
LAN GENDHING
Tembang macapat (Sunan
Ngampel) lambang uriping manungsa :
1.
Mas kumambang (janin).
2.
Mijil.
3.
Kinanthi.
4.
Sinom.
5.
Asmarandana.
6.
Gambuh.
7.
Dhandhang gula
8.
Durma
9.
Pangkur
10. Megatruh
11. Pucung
12. Wirangrong
Isining cakepan /syair :
pitutur (Wedhatama, Wulangreh, lsp). Karipta lumantar tembang murih gampil
dipun emut saha saged dipun ajaraken turun tumurun.
GENDHING
Gamelan à
alat musik paling hebat sadonya.
Pralambang :
a.
Andhap asor (wilahan ageng suwantenipun
lirih, ingkang wilahan alit suwantenipun sora).
b.
Manungsa tinitah beda nanging drajade padha (beda mapanipun, peran sami)
c.
Manut aturan (saben instrumen wonten aturan nabuhipun)
d.
Laras lan endah kepara dados jampi/tamba (menawi
dipun tabuh sesarengan manut aturanipun nuwuhaken suwanten/gendhing ingkang
laras lan nikmat dipun mirengaken, kepara saged dados jampi ).
III.
PERMADANI SATUNGGALING ORGANISASI ORGANISASI
SOSIAL BUDAYA : NGGADHAHI AZAS PANCASILA, LELANDHESAN : UUD 1945, PERATURAN
PERUNDANGAN NEGARI, KEPUTUSAN MUBES PERMADANI.
SIFAT : TINARBUKA KAGEM UMUM. NON POLITIK, NON KOMERSIAL
ANCAS/TUJUWAN
ORGANISASI : Nggayuh
ketahanan nasional ing babagan kabudayan saha rumeksa amrih lestari ngrembaka
ing bumi pertiwi ngembani cipta, rasa, karsaning bebrayan
minangka jatidhiri tuwin kapribaden bangsa Indonesia.
BOBOT SIKEPING AGESANG KANG UTAMI JUMBUH SESANTI TRI NITI YOGYA PERMADANI
1.
Hamemayu hayuning sasama
2.
Dados juru ladining bebrayan ingkang sae
3.
Sadhengah pakaryan sageda ngremenaken tiyang
sanes.
KANTHI CARA TRI RUKUN : RUKUN RASA, BANDHA, BALA.
IV.
PAWIYATAN PERMADANI
Pawiyatan ingkang dipun adani dening Permadani :
“PAWIYATAN PANATACARA TUWIN PAMEDHAR SABDA”
Permadani ngadani
Pawiyatan, minangka sarana ajak-ajak
dhateng bebrayan murih wangsul dhateng jatidhiri tuwin kapribaden tiyang
Jawi ingkang adi luhung kanthi
sesarengan dhudhuk, dhudhah, mekar saha ngrembakakaken Budaya Jawi.
Ancas sedyanipun
pawiyatan :
-
Intruksional : wasis micara pinangka panatacara
Pamedharsabda.
-
Ancas utami : Ngudi murih bobot sikeping
agesang netepi sesanti TRI NITIYOGYA PERMADANI :
- Hamemayu Hayuning sasama
- Dados juru ladining bebrayan ingkang sae
- Sadhengah pakaryanipun tansah ngremenaken tiyang sanes.
WULANGAN ING
PAWIYATAN PERMADANI :
A.
WIYATA
DHASAR :
1.
Kepermadanen
2.
Budi
Pekerti
3.
Dhasar – dhasar Kapanatacaran
B.
WIYATA
BAKU :
1.
Basa
tuwin Sastra Jawi
2.
Renggeping
Wicara
C.
WIYATA
PANJURUNG :
1.
Ngadat
Tatacara Jawi
2.
Tembang
lan Gendhing
3.
Ngadi
sarira ngedi busana
Demikian yang
disampaikan oleh Ir. H. Wiyata dalam Pradanawiyata Pawiyatan Panatacara tuwin
Pamedharsabda Permadani Kabupaten Magelang Angkatan ke-40. Harapan beliau melalui
Permadani masyarakat dapat selalu ndhudhah, ndhudhuk, mekar ngrembakake budaya
Jawa, sehingga masyarakat Jawa khususnya dan rakyat Indonesia pada umumnya
dengan menguasai bahasa jawa yang penuh dengan tataran unggah-ungguh dapat
selalu memayu hayuning diri, memayu hayuning sasama, memayu hayuning bangsa.
terima kasih, dapat menambah ilmu
BalasHapusHanguri budaya jawi
BalasHapusMatur nuwun sanget, saged sinau sesarengan wonten Permadani bergada 40.
BalasHapus